Mecaki Lurung Jaman Bareng Poerwadhie Atmodihardjo

Karya sastra bisa dadi gegambaran jaman. Ya, jaman nalika karya sastra kuwi dianggit. Kanthi mangkono karya sastra bisa dadi sarana mecaki lurung jaman. Lire, kanthi maca lan merdeni karta sastra—ing wujud apa wae—ateges uga merdeni jaman nalika karya sastra kuwi dianggit.

Durung suwe iki, purnakarya utawa pensiunan panaliti utama bidhang sastra ing Balai Bahasa Yogyakarta, Dhanu Priyo Prabowo, kasil ngimpun 31 crita cekak karyane sastrawan Jawa Poerwadhie Atmodihardjo.

Kumpulan 31 crita cekak kuwi kababar dadi buku kanthi irah-irahan Lurung Jaman, Antologi Crita Cekak. Buku dibabar dening Penerbit Djawa, Kulonprogo, Daerah Istimewa Yogyakarta dhek Februari 2024.

Poerwadhie Atmodihardjo kuwi sastrawan Jawa (1 Juni 1919—28 Oktober 1989) klairan Purwodadi, Kabupaten Grobogan, Provinsi Jawa Tengah. Nalika adreng nganggit karya sastra Jawa—mligine crita cekak—Poerwadhie manggon ing Paron, Kabupaten Ngawi, Provinsi Jawa Timur.

Ing jaman adreng nulis karya sastra Jawa kuwi, karya-karyane Poerwadhie sumebar ing hudyana-hudyana basa Jawa sing tau terbit ing tlatah Indonesia. Poerwadhie wiwit nulis karya sastra Jawa, wiwit ngarang, dhek taun 1943.

Nalika kuwi karya satra anggitane Poerwadhie kamot ing majalah Panji Pustaka. Saperangan crita cekak karyane Poerwadhie kanthi latar tlatah Kabupaten Kendal, Provinsi Jawa Tengah, jalaran sisihane Poerwadhi, yaiku R.R. Sri Juwarisah, asale saka Kendal.

Ing jaman kuncarane, Poerwadhie kalebu sastrawan Jawa sing kasil mbangun greged tumrap jagad sastra Jawa. Karya sastrane bisa disebut pating tlecek. Sithik banget sing kasil didhokumentasi dadi buku.

Dhek jaman semana saperangan akeh karya-karyane Poerwadhie dibabar ing maneka majalah lan koran. Kamangka jumbuh owah-owahan jaman, akeh koran lan majalah jaman kuwi sing wusana ”mati”, ora terbit maneh.

Apa maneh sing karan majalah lan koran basa Jawa kalebu penerbitan sing langka, arang, wiwit jaman semana nganti jaman saiki. Kuwi njalari akeh karya-karyane Poerwadhie sing jan-jane kamot ing maneka majalah lan koran, nanging saiki angel golekane amarga majalah utawa korane wus suwe ”mati”.

Dhanu Priyo Prabowo minangka kurator banjur nglodhangake wektu nulis maneh saperangan crita cekak karyane Poerwadhie sing kasil ditemokake arsipe. Ancase samadya wae, yaiku supaya wong-wong Jawa sapungkure Poerwadhie tetep bisa padha maca saperangan karya sastra anggitane sastrawan Jawa gamben kuwi.

Ing artikel pangiring buku Lurung Jaman, Antologi Crita Cekak (karyane Poerwadhie Atmodihardjo), Dhanu ngandharake irah-irahan Lurung Jaman ora dijupuk saka salah siji crita cekak karyane Poerwadhie sing kaimpun ing buku iki.

Irah-irahan kuwi asil njingglengi crita-crita cekak karyane Poewadhie kang wusana anjog ing dudutan crita-crita cekak kuwi kayadene rangkuman lakune jaman. Ya, jaman nalika Poerwadhie adreng nulis karya-karya sastra Jawa.

Crita-crita cekak sing kaimpun ing buku Lurung Jaman, miturut Dhanu, kapiji saja sauntara majalah abasa Jawa, kayata, Jaya Baya, Tjrita Tjekak, Waspada, lan Mekarsari wiwit dasawarsa 1950-an nganti dasawarsa 1980-an. Gunggunge crita cekak 31.

Poerwadhie kalebu ewoning sastrawan Jawa sing onja utawa kondhang ing jamane. Dheweke nganggit kurang luwih 290 judhul karya sastra Jawa wiwit taun 1944 nganti taun 1989. Dheweke nulis crita cekak wiwit jaman penjajahan Jepang. Karyane prasasat mbanyu mili.

Underan ing crita-crita cekak maneka rupa. Poerwadhie nulis crita cekak gegayutan perjuwangan nggayuh kamardikan Republik Indonesia. Dheweke uga nulis crita cekak gegayutan kahanan sosial, budaya, ekonomi, lan politik jaman kuwi.

Karyane ora mung wujud crita cekak. Poerwadhie uga nulis crita sambung, novel, geguritan, naskah sandiwara, esai, lan sapiturute. Nalika nulis karya-karya sastra Jawa kuwi sok-sok Poerwadhie nggunakake jeneng singlon, yaiku Sri Ningsih, Hibra Markata, Prabasari Linggarjingga, Anang Istar, Juwarsih, Satriya Parenggulung, lan Harjo Lawu.

Buku Lurung Jaman disusun dening Dhanu kanthi lelandhesan urutan wektu terbite crita-crita cekak karyane Poerwadhie kuwi. Ancase supaya sing maca bisa ”mecaki jaman” lan merdeni jaman nalika crita-crita cekak kuwi ditulis.

Gunggunge 31 crita cekak kuwi lair utawa ditulis ing kahanan jaman sing beda-beda. Mesthi wae uga njalari beda-bedane surasa, semangat, lan pepenginane. Disebut Lurung Jaman ancase supaya sapa wae sing maca bisa ngiras-ngirus nlusuri wektu utawa jaman sing wus kawuri.

Saka laku mangkono mau tundhone banjur bisa nyipati sapletik kalungguhane Poerwadhie Atmodihardjo ing gelaraning sastra Jawa gagrak anyar utawa sastra Jawa modheren, mligine nyipati kridhane Poerwadhie lan pikiran-pikirane gegayutan kahanan bebrayan agung jaman kuwi.

Poerwadhie kalebu sastrawan Jawa sing jembar wawasane. Kawegigan nulis crita cekak ore bisa diselaki. Dheweke tansah ngupadi underan utawa topik sing aktual—ing jaman kuwi, nanging bisa dadi beda panggarapane nalika dadi landhesan nulis fiksi.

Ing crita-crita cekak karyane, Poerwadhie ora wigah-wigih nggunakake basa nggon-nggonan utawa dialek ing karya-karyane kuwi. Kuwi tetep ora gawe Poerwadhie kelangan kaprigelan gawe sengseme sapa wae sing maca.

Kumpulan crita cekak iki pas banget disebut Lurung Jaman jalaran underan crita babon/sumbere Poerwadhie pancen warna-warna wujude. Saka jaman perjuwangan ngrebut kamardikan Republik Indonesia nganti jaman perjuwangan ngisi lan merdesi alame kamardikan.

Crita cekak asesirah Bawon Revolusi, Ruruntuh Revolusi, lan Geguyon karo Pati makili jaman revolusi kamardikan Indonesia. Ing taun-taun sabanjure, Poerwadhie tansah lelandhesan kahanan lan kanyatan jaman balika nganggit karya sastra, mligine crita cekak.

Kahanan kuwi kang dadi landhesan tumrap Dhanu nalika nglumpukake crita-crita cekak kuwi jumbuh urut-urutan taun sisan gawe dadi sarana mecaki owah-owahan jaman, ya jaman nalika Poerwadhie adreng nganggit maneka rupa karya sastra Jawa.

Tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki, mesthi wae kumpulan crita cekak karyane Poerwadhie sing kapiji dening Dhanu iki bisa dadi sarana mirunggan kanggo ngenam-nam pikir, ngulir budi, merdeni owah-owahan jaman sing wusana ndadekake bangsa lan negara Indonesia ing jaman saiki.

Saka crita-crita cekak karyane kuwi, Poerwadhie bisa kabiji adil anggone mapanake jajere paraga-paraga, lanang lan wadon. Poerwadhie kasil mapanake kabeh paraga lanang lan wadon tanpa bot-sih. Dhanu mbiji ya iki sing dadi salah siji kandhutan adiluhung ing karya-karya sastra Jawa anggitane Poerwadhie.

Sing dadi jalaran ing lakon-lakon crita cekak anggitane Poerwadhie ora mung wanita, nanging uga priya. Lanang lan wadon duwe kaluwihan lan kasekengan dhewe-dhewe. Iki pancen kanyatan jaman, wiwit jaman biyen tumeka saiki, sing ora bisa diselaki lan kasil diwerdeni dening Poerwadhie.

Naskah luwih ringkes kapacak ing Jagad Jawa Solopos edhisi 20 April 2024.

Tinggalkan komentar