”Old Javanese-English Dictionary” Kunci Kaskaya Budaya Nusantara

Old Javanese-English Dictionary anggitane P.J. Zoetmulder, S.J. (ilustrasi foto: lot-art.com)

Kamus Jawa kuna dadi kunci mbukak lawang kaskaya budaya Nusantara. Kaskaya budaya sing kasimpen ing naskah-naskah abasa Jawa kuna utawa naskah-naskah Kawi.

Dhek 19 Oktober 1982 mapan ing Perpustakaan Netherlands Institute for Advanced Study in Humanities and Social Science utawa NIAS, Wassenaar, ada udyana babaran kamus anyar—jaman kuwi, Old Javanese-English Dictionary.

Kamus iki anggitane pakar basa lan sastra Jawa kuna P.J. Zoetmulder, S.J. Kamus Jawa kuna iki dadi salah siji saka sawetara kamus-kamus basa Nusantara. Babaran kamus iki bisa dianggep minangka kawitan dalan tembayatan ing tlatah internasional kanggo nliti naskah-naskah Jawa kuna.

Kamus bahasa Jawa kuna-basa Inggris iki dumadi rong jilid. Kandele 2.368 kaca. Jilid I ngimpun tetembungan sing kawiwitan aksara A nganti aksara O. Jilid II ngimpun tetembungan sing kawiwitan aksara P nganti aksara Y.

Kamus iki ngamot 25.500 tembung. Tetembungan sing kacakup ora liya tetembungan ing kamot ing naskah-naskah Jawa kuna lan Jawa tengahan.

Urutan aksara sing dicakake dening Zoetmulder nalika nganggit kamus iki urutan aksara Latin kanthi owah-owahan saprelune.

Babaran kamus iki kanggo nyukupi butuhe para nimpuna, para parampara, lan para panaliti aksara lan sastra Jawa kuna ing jaman kuwi, mligine para nimpuna, parampara, lan panaliti saka Eropa sing basa padinane basa Inggris.

Ing taun-taun sadurunge Old Javanese-English Dictionary terbit, para nimpuna, parampara, lan panaliti basa lan sastra Jawa saka Eropa padha kangelan nalika kudu merdeni naskah-naskah Jawa kuna sing kasil diwaca.

Puluhan taun sadurunge Old Javanese-English Dictionary terbit, panaliten basa lan sastra Jawa kuna dibiyantu dening kamus anggitane H.N. Van der Tuuk, yaiku Kawi-Balineesch-Nederlandsch Woordenboek.

Kamus iki terbit dhek 1897—1912 (jilid I: 1897, jilid II: 1899, jilid III: 1901, jilid IV: 1912). Pakar basa lan sastra Jawa kuna I. Kuntara Wiryamartana ing artikel asesirah Menyambut Terbitnya Old Javanese-English Dictionary (Majalah Basis, Nopember 1982) nyebut kamus anggitane Van der Tuuk kuwi kamus pelopor ing panaliten basa lan sastra Jawa kuna.

Kamus iki nyakup rong basa, basa Jawa kuna sing kaprah uga disebut basa Kawi lan basa Bali. Mesthi wae akeh sing kangelan nalika nggunakake kamus iki kanggo mbiyantu nliti lan ndhudhah kaskaya budaya Nusantara sing kasimpen ing naskah-naskah abasa Jawa kuna.

Mula saka kuwi banjur ana rancangan nganggit lan mbabar kamus Jawa kuna sing luwih sistematis lan temen-temen mung ngrembug tetembungan basa Jawa kuna.

Wiwit taun 1914, H.H. Juynboll antuk jejibahan ngimpun tetembungan Jawa kuna-Belanda sing bisa digunakake minangka landhesan nliti lan maca naskah-naskah Jawa kuna.

Ing taun 1923 dibabar Oudjavaansch-Nederlandsch Woodenlijst. Sawise digunakake sawetara taun ing studi basa lan sastra Jawa kuna, kamus iki uga ora kasil dadi kunci kanggo mbukak kaskaya budaya Nusantara sing kasimpen ing naskah-naskah Jawa kuna.

Kamus Oudjavaansch-Nederlandsch Woodenlijst ora kasilnggenteni Kawi-Balineesch-Nederlandsch Woordenboek. Kanyatan ikibanjur ndudut krentege Zoetmulder nganggit kamus Jawa kuna-basa Inggris.

Krenteg kuwi thukul wiwit taun 1950 nalika Zoetmulder kawisuda minangka guru besar basa lan sastra Jawa kuna ing Universitas Gadjah Mada. Nalika kuwi durung ana bayangan kupiya nganggit kamus Jawa kuna-basa Inggris kuwi butuh 30 taun.

Sing dipikir temen-temen dening Zoetmulder nalika kuwi mung supaya enggal sumadya kamus basa Jawa kuna sing ngamot saakeh-akehe tuladha engga para mahasiswa bisa nyinau dhewe kepriye tetembungan Jawa kuna kuwi digunakake ing jamane.

Jumbuh lumakune wektu lan owahing jaman, kanyata laku nganggit kamus kuwi mbutuhake wektu akeh, tenaga akeh, lan konsentrasi temen-temen. Wiwit taun 1969, Universitas Gadjah Mada mbebasake Zoetmulder saka kuwajiban mulang mahasiswa supaya bisa ngrampungake nggarap kamus kuwi.

Tinggalkan komentar